Isi Ramalan Jaya baya "Jangka Jaya baya" Kedua

  1. Sing wedi mati---Yang takut mati.
  2. Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
  3. Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
  4. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
  5. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
  6. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
  7. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
  8. Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
  9. Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
  10. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  11. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  12. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
  13. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
  14. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
  15. Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
  16. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
  17. Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
  18. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
  19. Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
  20. Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
  21. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  22. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  23. Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
  24. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
  25. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  26. Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
  27. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  28. Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
  29. Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
  30. Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
  31. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
  32. Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
  33. Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
  34. Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
  35. Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
  36. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  37. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
  38. Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  39. Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
  40. Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
  41. Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
  42. Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
  43. Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
  44. Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
  45. Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
  46. Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  47. Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
  48. Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
  49. Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
  50. Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
  51. Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
  52. Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
  53. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
  54. Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
  55. Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
  56. Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
  57. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  58. Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
  59. Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
  60. Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
  61. Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
  62. Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
  63. Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
  64. Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  65. Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
  66. Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
  67. Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
  68. Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
  69. Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
  70. Agama ditantang---Agama ditantang.
  71. Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
  72. Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
  73. Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
  74. Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
  75. Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
  76. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  77. Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
  78. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  79. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  80. Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
  81. Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
  82. Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
  83. Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
  84. Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
  85. Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
  86. Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
  87. Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
  88. Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
  89. Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
  90. Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
  91. Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
  92. Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
  93. Buruh mangluh---Buruh menangis.
  94. Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
  95. Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
  96. Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
  97. Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
  98. Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
  99. Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
  100. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  101. Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
  102. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
  103. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  104. Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
  105. Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  106. Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
  107. Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
  108. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.
Sumber
http://id.wikipedia.org/wiki/Ramalan_Jayabaya#Isi_Ramalan

0 comments: